Glendhang glendhung


GLENDHANG GLENDHUNG
Oleh Ustadz Irfan Farid

Urip ing pucuke jaman
kudu ngati-ati
omongan lan kelakuan
Aja kemlungkung
aja prumpang-prumpung
lan aja adigang-adigung
Glendhang-glendhung
umbrus manis janjine
nanging langka buktine
Ing wolak walike jaman
akeh wong waras makmum
maring wong edan
Cangkeme wong edan
didadekna pedoman
Pinuture wong waskita
malah dadi guyonan
Ing wolak-walike jaman
kelakuane manungsa ora ana
bedane karo hewan
Ngakune Islam
Awan puasa nyludhuk ning
warung nyekek badhogan
Ana kebo sikile loro
ning awan ramadlon
ngempul ning prapatan

Related Posts:

0 Response to "Glendhang glendhung"

Post a Comment